YESAYA 52:14-15
YESAYA 52:14-15 JAV
Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dheleg nyumurupi Panjenengane – amarga saka bangeting rusake pasemone, nganti ora kaya manungsa maneh, lan katon ora kaya anaking manungsa maneh, – mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane; amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi.





