1
YESAYA 51:12
Kitab Sutji
JAV
Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh. Sapa ta sira iku, dene kok wedi marang manungsa kang pancen bakal mati, marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket
Compare
Explore YESAYA 51:12
2
YESAYA 51:16
Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!
Explore YESAYA 51:16
3
YESAYA 51:7
Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.
Explore YESAYA 51:7
4
YESAYA 51:3
Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion, nglipur sakehing jugrugane; pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah. Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena, kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.
Explore YESAYA 51:3
5
YESAYA 51:11
Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak, kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng; kebak kabingahan lan kagirangan, tinebihan ing kasisahan saha pangresah.
Explore YESAYA 51:11
Home
Bible
Plans
Videos