kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon
lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon,
kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak,
tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,
kang nimbali manuk galak saka ing wetan,
lan wong kang nindakake putusaningSun kang asale saka nagara kang adoh.
Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakake,
Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudake.