Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epeke
sarta ngukur langit nganggo kilanane,
naker lebuning bumi nganggo takeran,
nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,
utawa tengger-tengger nganggo traju?
Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwah
utawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?
Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan,
lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwah
ing bab nindakake pangadilan,
utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenengane
lan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?