Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun,
wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas;
Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunan
sarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,
supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup,
nggatekake lan ngreti,
manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabeh
sarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake.