1
YESAYA 11:2-3
Kitab Sutji
JAV
Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah; malah wedi-asih marang Sang Yehuwah iku kang dadi karemenane.
Compare
Explore YESAYA 11:2-3
2
YESAYA 11:1
Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.
Explore YESAYA 11:1
3
YESAYA 11:4
Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.
Explore YESAYA 11:4
4
YESAYA 11:5
panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan, kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan.
Explore YESAYA 11:5
5
YESAYA 11:9
Ora ana kang bakal nglakoni ala ana tumindak ora becik ana ing sawewengkone gunungingSun kang suci, amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yehuwah, kayadene banyuning sagara kang nasabi dhasare.
Explore YESAYA 11:9
6
YESAYA 11:6
Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.
Explore YESAYA 11:6
7
YESAYA 11:10
Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.
Explore YESAYA 11:10
Home
Bible
Plans
Videos