Biểu trưng YouVersion
Biểu tượng Tìm kiếm

Tyatetan kanggo pertaling iki

Type pertaling

Pertaling iki, pertaling sing letterlijk (formeel equivalente), nanging miturut kulturé lan tembungé Suriname. Sing dikanggokké pertaling sangka Jawa, Indonesia lan pertaling iki ora béda karo bibit kawitané basa-basa Kitab Sutyi. Mila kita bisa ngomong nèk pertaling iki sing kasebut pertaling ing Basa Jawa-Suriname.

Tèks sing dikanggokké pertal

Pertaling iki pungkasané didasarké kanggo OT sangka tèks Masorèt Ibrani. Yèn pertalingé ora nganggoké tèks Masorèt, diwènèhi tyatetan utawa footnot.

Perjanjian Anyar didasarké ing edisi modern sangka tèks Nestle Aland/UBS. Manuskrip sing penting nanging ana bédané (moderné edisi ing basa Yunani) nganggokké tanda [ ] umpamané ing kitab Matius 6:13: [Panjenengan sing nduwé Kraton lan kwasa lan kamulyan ing sak lawas-lawasé. Amin.] Tèks sing ana [ ], ana ing manuskrip lawas. Edisi modern teks Yunani sing mèlu pertaling iki, ora nduwé [ ], awit luwih ngajèni manuskrip sing lawas.

Tyarané Pertal

Pertaling sing pisanan digawé miturut pertaling Jawa-Indonesia lan komèntar-komèntaré lan pertaling liya-liyané kaya déné NBV lan NBG51. Terus didandani miturut bangsa Jawa enggoné ngomong lan nganggoké tembung. United Bible Societies mèlu nyangga proyèk iki karo konsulèn. Greja-greja pada dikirimi proef tèks, supaya bisa ngekèki komèntar.


Suriname Bible Society

KJS17 NHÀ PHÁT HÀNH

Phiên bản khác của Suriname Bible Society

YouVersion sử dụng cookies để cá nhân hóa trải nghiệm của bạn. Bằng cách sử dụng trang web của chúng tôi, bạn chấp nhận việc chúng tôi sử dụng cookies như được mô tả trong Chính sách Bảo mậtcủa chúng tôi