Masmur 93
93
Masmur 93
Gusti Ratu sing langgeng
93:1-5
1GUSTI kuwi dadi Ratu, klambiné kamulyan,
GUSTI klambènan lan sabukan kekuwatan.
Tenan bumi wis jejek ora gonjang-ganjing.
2Dampar Panjenengan jejek wiwit waktu mbiyèn,
wiwit ing kelanggengan Panjenengan wis ana.
3Duh GUSTI, kali-kali pada kemrasak,
lan pada ngumbulké swarané,
lan pada ngumbulké jembleguré.
4GUSTI ngidap-idapi banget ing nduwur,
ngungkuli swarané banyu gedé,
ngungkuli jembleguré ombak ing segara.
5Pernatan Panjenengan banget kentyengé,
griya Panjenengan wis sak pantesé yèn sutyi,
duh GUSTI, kanggo sak lawasé.
Currently Selected:
Masmur 93: KJS17
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Tèks © Surinaams Bijbelgenootschap 2018