YouVersion Logo
Search Icon

Masmur 121

121
Masmur 121
Gusti, sing njaga bangsa Israèl
121:1-8
1Kidung jiyarah.
Mripatku nyawang marang gunung-gunung;
pitulunganku kuwi tekané sangka ngendi?
2Pitulunganku kuwi tekané sangka GUSTI,
sing nggawé langit lan bumi.
3Gusti ora bakal nglilani yèn sikilmu gloyoran,
sing njaga kowé ora bakal ngantuk.
4Sejatiné sing njaga Israèl ora ngantuk
lan ora turu.
5GUSTI kuwi sing njaga kowé,
GUSTI kuwi pengayomanmu ing sisih tangan tengenmu.
6Srengéngé ora bakal nglarani kowé ing wayah awan,
utawa mbulan ing wayah mbengi.
7Kowé bakal dijaga karo GUSTI, marang kabèh sing nggawé tyilaka;
nyawamu dijaga.
8GUSTI bakal njaga mlebu lan metumu,
wiwit saiki tekan selawasé.

Currently Selected:

Masmur 121: KJS17

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in