YouVersion Logo
Search Icon

MUSTHIKANING KIDUNG 4

4
Penganten kakung ngalembana penganten putri
4:1-15
1Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya,
sanyata endah warnamu iku!
Mripatmu katon lir manuk dara,
ana ing sangisoring kudhungmu.
Rambutmu pindha pepanthan wedhus
kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.
2Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran,
lan metu saka ing pangguyangan,
kang kabeh manak kembar
sarta ora ana kang ora duwe anak.
3Lambemu lir pita jingga,
tutukmu endah.
Pilinganmu katon lir woh delima sinigar
ana ing sangisoring kudhungira.
4Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud,
kang binangun kanggo nyimpen gegaman,
tameng sewu cumanthel ana ing kono
sarta gadane para prawira kabeh.
5Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembar
kang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung.
6Sadurunge angin sore midid
lan ayang-ayang ngilang,
aku kepengin munggah menyang ing gunung mur
lan ing pagunungan menyan.
7Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku,
awakmu ora kadunungan cacad.
8Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku,
mudhuna mrene saka ing gunung Libanon;
mudhuna saka ing pucake gunung Amana,
saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon,
saka guwa-guwaning singa,
lan pagunungan panggonaning macan tutul!
9Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku,
kalawan sakedhepaning mripatmu
kowe gawe dheg-dheganing atiku
sarta kalawan kalung ing gulumu saoncen.
10Pancen nyata nikmat tresnamu,
dhuh yayi, pengantenku.
Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur,
lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi.
11Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku,
madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu,
lan gandaning sandhanganmu iku
pindha gandaning gunung Libanon.
12Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup,
pakebonan kang tinutup
lan tuking banyu kang sinegel.
13Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima,
kang enak wohe,
kembang pacar lan nared,
14nared lan kunir, tebu lan manis jangan,
sarta sawernaning wit menyan,
mur lan gaharu,
apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.
15Dhuh, tuking banyu ing pakebonan,
sumbering banyu urip,
kang mili saka ing gunung Libanon!
Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa
4:16–5:1
16– He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea,
midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar!
Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane
lan dhahar woh-wohan kang enak.

Currently Selected:

MUSTHIKANING KIDUNG 4: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy