YouVersion Logo
Search Icon

MUSTHIKANING KIDUNG 3

3
Kang diimpi-impi penganten putri
3:1-5
1Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku.
Dakgoleki, nanging ora ketemu.
2Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha
ing lurung-lurung lan ing alun-alun
Panjenengane dakgoleki,
gantilaning atiku iku.
Dakgoleki, nanging ora tinemu.
3Aku kepethuk para wong rondha ing kutha.
“Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”
4Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau,
aku ketemu karo gantilaning atiku;
banjur dakcandhak lan ora dakculculake,
nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku,
ing kamare kang nglairake aku.
5He, para putri ing Yerusalem, kowe
padha daksupatani;
demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara:
Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnan
sadurunge dikarepake.
Arak-arakan penganten
3:6-11
6Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun
kaya kumebuling kukus
kasaput ing wangining mur lan menyan
lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?
7Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman,
ginarebeg ing prawira sawidak,
saka panunggalane para prawira ing Israel.
8Kabeh padha asikep pedhang,
lanteh ing perang,
kabeh padha nyengkelit pedhang,
marga saka pagirising wayah bengi.
9Sang Prabu Suleman wus yasa tandhu
kayu ing Libanon.
10Saka-sakane kang ginawe selaka,
sendhenane emas,
palenggahane warnane wungu,
ing jerone rinengga ing kayu areng.
He para putri ing Yerusalem,
11para putri ing Sion, padha metua,
lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman,
ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu
nalika dina pikramane,
ing dina sukarenane galihe.

Currently Selected:

MUSTHIKANING KIDUNG 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy