YouVersion Logo
Search Icon

MUSTHIKANING KIDUNG 2

2
1– Kawula punika sekar mawar saking Saron,
sekar bakung ing lebak.
2– Memanisku iku ana ing satengahe para kenya
pindha kembang bakung ing satengahing eren.
3– Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman
kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas.
Aku kepengin lungguh ana ing ayome,
wohe legi tumrap ing cethakku.
4Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyan
lan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna.
5Bok aku kinuwatna srana panganan kismis,
sinegerna kalawan woh apel.
6Amarga aku nandhang lara asmara.
Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,
astane tengen ngrangkul aku.
7He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,
demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;
kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!
Ing korining penganten putri
2:8-17
8Rungokna! Kekasihku!
Sawangen rawuhe,
mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,
mencolot-mencolot ing tengger-tengger!
9Kekasihku iku kaya kidang,
utawa anak menjangan.
Delengen, panjenengane jumeneng
ing saburining tembok kita,
kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhela
lan nginjen ing ruji-ruji.
10Kekasihku wiwit ngandika marang aku:
“Tangia, memanisku,
mrenea, intenku!
11Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,
udane wis terang, lan wis kepungkur.
12Ing pategalan wis katon kembang-kembang,
wis mangsane methik;
anggunge perkutut wis keprungu ana
ing tanah kita.
13Wit anjir wiwit awoh,
lan kembanging wit anggur ngambar gandane.
Tangia, memanisku,
mrenea, intenku!
14Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,
ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,
pamerna paraupanmu,
wetokna suwaramu;
amarga arum suwaramu,
lan endah warnamu!”
15Aku padha cekelna asu wawar iku,
asu wawar kang cilik,
kang ngrusak pakebonan anggur,
pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!
16Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane
kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.
17Sadurunge angin sore midid
lan ayang-ayang ilang
dhuh kekasih kawula,
Paduka mugi kersaa wangsul,
saha karsaa tumindak kados kidang
utawi kados anak sangsam
ingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!

Currently Selected:

MUSTHIKANING KIDUNG 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy