YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 23

23
MASMUR 23
Gusti Allah iku pangen kang utama
23:1-6
1Masmur anggitane Prabu Dawud.
Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.
2 # Wy 7:17 Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete,
aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;
3nyawaku diayemake,
sarta dituntun ing dalaning kabeneran
marga saka asmane.
4Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati,
aku ora wedi marang bilai,
margi Paduka ingkang nganthi kawula;
teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.
5Paduka nata pasegahan kangge kawula,
wonten ing ngajengipun satru kawula;
sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,
tuwung kawula kebak mancep-mancep.
6Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula,
salaminipun gesang,
saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.

Currently Selected:

JABUR 23: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in