JABUR 150
150
MASMUR 150
Haleluya
150:1-6
1Haleluya!
Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene!
Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa!
2Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane,
padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!
3Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka.
Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!
4Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan,
padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!
5Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring,
padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!
6Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
Haleluya!
Currently Selected:
JABUR 150: JAV
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.