YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 146

146
MASMUR 146
Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane
146:1-10
1Haleluya!
Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
2Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,
Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.
3Aja kumandel marang para panggedhe,
lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.
4Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah;
ing dina iku uga kekarepane sirna.
5Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakub minangka pamomonge,
kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,
6Panjenengane kang nitahake langit lan bumi,
segara lan saisine kabeh,
kang tetep setya ing salawase,
7kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,
kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,
Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.
8Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta,
Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul,
Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.
9Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca,
bocah lola lan randha padha disantosakake maneh,
nanging dalane wong duraka dienggokake.
10Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase,
Allahmu, he Sion, turun-tumurun.
Haleluya!

Currently Selected:

JABUR 146: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in