YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 140

140
MASMUR 140
Pandonga nyuwun pangauban marga saka anane para wong ala
140:1-14
1Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon,
saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya,
3ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah,
sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang!
4 # Rm 3:13 Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer,
wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)
5Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka,
sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula.
6Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula,
tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring,
sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi.
(Selah)
7Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah,
Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”
8Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula,
Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang.
9Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka,
sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. (Selah)
10Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak,
ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika.
11Sami kaesokana ing mawa!
kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.
12Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi,
tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai.
13Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes,
sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa.
14Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka,
saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

Currently Selected:

JABUR 140: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in