JABUR 14
14
MASMUR 14
Kapunggungane manungsa
14:1-7
1 #
Rm 3:10-12
#
Ms 53
Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.
Wong punggung mosik ing sajroning atine:
“Ora ana Allah.”
Apa kang dilakoni iku jember lan nistha,
ora ana kang nglakoni kabecikan.
2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor
marang para anaking manungsa,
karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi
lan ngupaya Gusti Allah.
3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad
ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.
4Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala,
kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae,
lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?
5Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget,
amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.
6Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes,
nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.
7Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion!
Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate,
Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.
Currently Selected:
JABUR 14: JAV
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.