YouVersion Logo
Search Icon

MALEAKHI 4

4
Bab dinane Pangeran Yehuwah
4:1-6
1Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia. 2Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang. 3Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –. 4Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon. 5#Mt 11:14, 17:10-13; Mk 9:11-13; Lk 1:17; Yo 1:21Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira. 6Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.

Currently Selected:

MALEAKHI 4: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in