YouVersion Logo
Search Icon

AYUB 16

16
Ayub ngadhuh-adhuh marga ngrasakake apa kang katandukake dening Gusti Allah marang dheweke
16:1–17:16
1Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2“Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku,
kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal!
3Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku?
Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?
4Aku iya bisa caturan kaya kowe,
saupama kowe iku dadi kaya aku;
aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowe
sarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.
5Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkem
lan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.
6Nanging manawa aku caturan, anggonku nandhang sangsara ora bakal dadi entheng
lan manawa aku meneng apa iya ana sudane?
7Nanging saiki Panjenengane ndadekake aku tanpa daya
tuwin ngrisak sakukubaning omahku,
8aku dicepeng; iki kang dadi seksi;
anggonku kuru iki kaya-kaya banjur gumregah nggugat marang aku.
9Bebenduning Allah nempuh sarta nglawan marang aku,
nggeget waja tumuju marang aku,
aku dipandeng dening mungsuhku kalawan mancereng.
10Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku,
aku ditapuk kalawan pamemirang,
padha nggrombol arep ngroyok aku.
11Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila,
sarta masrahake aku marang tangane wong duraka.
12Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara,
githokku diasta nuli aku dibanting,
banjur katangekake kadadekake les-lesane.
13Aku diudani ing panah,
ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas,
rempeluku kawutahake ing bumi.
14Aku dijuwing-juwing,
aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.
15Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitku
sarta sunguku dakurugi lebu.
16Raiku katon mbranang marga saka nangis
lan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet,
17sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siya
tuwin pandongaku resik.
18Heh bumi, getihku aja koktutupi,
sarta panjeritku aja nganti oleh papan palerenan!
19Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga,
kang nekseni aku ana ing ngaluhur.
20Sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitraku
nanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah,
21muga-muga Panjenengane karsaa ngrampungi prakara ing antarane manungsa lan Gusti Allah
tuwin manungsa lan pepadhane.
22Amarga gunggunging taun mung kari sathithik
lan aku bakal metu ing dalan kang ora bakal dakbaleni maneh.

Currently Selected:

AYUB 16: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in