AYUB 12
12
Ayub ngakoni, yen Gusti Allah iku kwaos lan wicaksana
12:1-25
1Ayub tumuli mangsuli, pangucape:
2“Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa,
manawa kowe padha mati,
kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.
3Aku iya duwe pikiran kaya kowe,
aku ora kalah karo kowe;
sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?
4Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku,
aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani,
wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.
5Saka panemune wong kang tentrem uripe,
wong kang sangsara iku pantese dicacad,
iku rinasa kaya gebug tumrap wong kang sikile kajengklok.
6Tarube wong kang ngrusak padha tentrem
sarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman,
samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.
7Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe,
sarta takona ta marang manuk ing awang-awang,
mesthi kowe disumurupake,
8utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe,
dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.
9Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup,
manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;
10manawa nyawane kabeh kang kumelip
lan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?
11Kuping apa ora nguji tembung-tembung,
kayadene cethak anggone ngrasakake pangan?
12Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan,
sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?
13Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos.
Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.
14Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh.
Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.
15Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh.
Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.
16Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulan
iya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.
17Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri,
sarta kang damel bodhoning para hakim.
18Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja,
kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.
19Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam,
lan nggolingake wong kang santosa.
20Panjenengane kang mbungkem cangkeme para wong kang dipracaya,
sarta para wong tuwa padha diilangi nalare.
21Panjenengane kang ngesoki cecamah para wong luhur
sarta kang nguculi sabuke para wong kang santosa.
22Panjenengane kang miyak wewadining pepeteng
lan ndhatengake peteng ndhedhet ana ing pepadhang.
23Panjenengane kang ndadosake tangkar-tumangkare lan tumpesing para bangsa,
sarta kang damel ngambra-ambrane banjur kaboyongan.
24Panjenengane kang damel para pemimpining jagad padha koncatan akal
sarta kesasar ana ing pasamunan kang ora ana dalane,
25padha gagap-gagap ana ing pepeteng kang ora ana pepadhange;
apadene padha kadamel gloyoran kaya wong mendem.”
Currently Selected:
AYUB 12: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.