YEREMIA 45
45
Panglipure Nabi Yeremia marang Barukh
45:1-5
1 #
2Ra 24:1; 2Bb 36:5-7; Dn 1:1-2 Pangandikane kang diluntakake Nabi Yeremia marang Barukh bin Neria, rikala Barukh ing taun kapate jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, wus nulisi sakehing pangandika mau ana ing kitab, tinampan saka ing tutuke Nabi Yeremia: 2“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel tumrap kowe, he Barukh! 3Sarehne sira wus ngucap: Adhuh cilaka aku, dene Sang Yehuwah wus muwuhi kasusahan marang prihatinku! Aku nglentrih marga saka anggonku sambat-sambat lan aku ora oleh katentreman. 4Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara! 5Sira aja ngarah marang prakara kang muluk-muluk kanggo sira dhewe! Poma aja sira gayuh! Awitdene, lah, Ingsun ndhatengake bilai tumrap sakehing titah, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, nanging sira iku bakal Sunparingi nyawanira kayadene rayahan ana ing ngendi-endia panggonan kang bakal sira parani.”
Currently Selected:
YEREMIA 45: JAV
Highlight
Copy
Compare
Share
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.