YESAYA 6
6
Nabi Yesaya katimbalan dening Gusti Allah
6:1-13
1 #
2Ra 15:7; 2Bb 26:23 Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci. 2Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur. 3#Wy 4:8Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:
“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,
saindenging bumi kebak ing kamulyane!”
4 #
Wy 15:8
Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.
5Aku nuli ngucap:
“Bilai aku! Aku tiwas!
Amarga aku iki wong kang alambe najis,
sarta manggon ing satengahing bangsa
kang najis lambene,
nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu,
yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
6Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah. 7Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene:
“Delengen, lah iki wus nggepok lambemu,
dadine kaluputanmu wus sirna
lan dosamu wus kaapura.”
8Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika:
“Sapa kang bakal Sunutus,
lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?”
Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”
9 #
Mt 13:14-15; Mk 4:12; Lk 8:10; Yo 12:40; PR 28:26-27 Sawuse mangkono Panjenengane ngandika:
“Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene:
Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti!
Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!
10Atine bangsa iki gawenen ndableg
lan kupinge sira dadekna jampeng
sarta mripate gawenen merem kraket,
supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate
lan krungu kalawan kupinge
tuwin mangreteni kalawan atine,
satemah banjur mratobat lan dadi waras.”
11Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane:
“Nganti kutha-kutha wus sepi mamring,
ora ana kang ngenggoni maneh,
lan ing omah-omah wus ora ana manungsane maneh
sarta tanahe dadi sepen lan sepi.
12Pangeran Yehuwah bakal nyingkirake manungsa nganti adoh banget,
nganti meh dadi suwung babar pisan nagara iku.
13Lan manawa ing kono isih ana kekarene saprasapuluh,
iku kudu tinempuh ing bilai sapisan engkas
nanging kaanane bakal kaya wit waringin lan wit elon
kang tunggake isih
sawuse kategor.
Lan tunggak iku bakal metokake trubus kang suci!”
Currently Selected:
YESAYA 6: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.