YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 32

32
Ratu kang adil
32:1-8
1Lah bakal ana ratu kang ngasta paprentahan kalawan adil,
apadene para pemimpin bakal mimpin kalawan jujur,
2tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana angin
sarta papan pangayoman samangsa ana prahara,
kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing,
kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak.
3Mripate wong kang padha ndeleng bakal ora diremake maneh,
lan kupinge wong kang padha krungu bakal nggatekake.
4Atine wong kang kurang pikiran bakal bisa nenimbang,
sarta ilate wong kang groyok bakal bisa celathu cetha.
5Wong gemblung ora bakal kaaranan maneh wong kang abudi luhur,
lan wong culika ora bakal diarani wong luhur.
6Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge,
tuwin atine ngrancang prakara kang ala,
yaiku sumedya murtad
sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah,
ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen
lan marang wong kang ngelak butuh ngombe.
7Wong culika iku akal-akale ala,
kang dirancang panggawe kang nistha
kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh,
sanadyan wong miskin iku mbelani hake.
8Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur,
lan tansah tumindak mangkono.
Pepenget marang para wong wadon ing Yerusalem
32:9-20
9He para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,
padha tangia, rungokna swaraku,
he para bocah wadon kang padha urip kanthi ayem,
padha gatekna tembungku!
10Ing sajroning sataun punjul
kowe bakal padha gumeter,
he para wong kang padha urip kanthi tentrem,
amarga panene woh anggur wus entek rusak,
lan panen wowohan liyane uga ora ana.
11Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem,
padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,
selehna lan cucula sandhanganmu,
padha manganggoa bagor ing lambungmu!
12Padha tangisana pategalanmu kang endah,
tuwin witmu anggur kang tansah mbiyet wohe,
13padha tangisana tanahe bangsaku
kang kathukulan grumbul eri lan piskucing,
malah uga sakehe omahmu, panggonan kang kanggo bungah-bungah
ing kutha kang kebak kasenengan.
14Awit purimu wus kasuwungake
lan ramening kuthamu wus malih dadi sepi.
Tenggere lan panggunge
wus dadi tanah rata ing salawas-lawase,
dadi papaning kabungahan kuldi alas
sarta pangonaning pepanthan kewan.
15Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur;
pasamunan banjur dadi kebon wowohan,
tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas.
16Ing pasamunan bakal tansah ana kaadilan
lan ing kebon wowohan bakal tetep ana kabeneran.
17Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu,
mangka wahananing kabeneran iku kaayeman
lan katentreman kanggo ing salawas-lawase.
18Bangsaku bakal manggon ing papaning karukunan,
ing papan panggonan kang tentrem
ing papan palerenan kang slamet.
19Alas bakal rusak babar pisan
tuwin kutha bakal kaesorake kang banget.
20Rahayu kowe kang padha bisa nyebar ing sakehing panggonan kang ana banyune,
kang bisa ngeculake sapine lan kuldine menyang ing ngendi-endi!

Currently Selected:

YESAYA 32: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in