YESAYA 17
17
Wangsit tumrap Damsyik lan Efraim
17:1-11
1 #
Ym 49:23-27; As 1:3-5; Za 9:1 Wangsit tumrap Damsyik.
Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha,
mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;
2kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawase
lan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya,
kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa.
3Efraim bakal kelangan beteng-betenge,
lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik,
uga kekarene Aram bakal sirna kabeh
padha kaya kamulyane wong Israel,
mangkono pangandikane Sang Yehuwah,
Gustining sarwa tumitah.
4Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda,
lan kemakmurane bakal susut;
5kaanane kaya gandum kang digegem arep dieneni
lan tangane methiki wewulen,
utawa kaya wewulen kang dipethik ing wong
ana ing lembahe wong Refaim.
6Iku bakal ana turahane kanggo asagan
kaya nalika wong ngerog woh jaitun,
ana siji loro kang kari ing pucuke,
lan ana sawatara ing pang-pange,
mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
7Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel; 8ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.
9Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.
10Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira,
lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira.
Mulane sanadyan sira yasa taman kang endah
kang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,
11sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule,
lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange,
nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilara
lan sangsara kang ngedab-edabi.
Wangsit tumrap Asyur
17:12-14
12Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh,
kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger!
Ramening suku-suku bangsa,
kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.
13Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe;
nanging Pangeran Yehuwah paring deduka,
satemah banjur padha lumayu adoh,
kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin,
lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.
14Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris!
Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh!
Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita,
sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita.
Currently Selected:
YESAYA 17: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.