YESAYA 15
15
Wangsit tumrap Moab
15:1–16:14
1 #
Ye 25:10-12; Ym 48:1-47; Yk 25:8-11; As 2:1-3; Zf 2:8-11 Wangsit bab Moab.
Lah sajrone sawengi Ar-Moab wus karusak, kasirnakake;
lah sajrone sawengi Kir-Moab wus karusak, kasirnakake!
2Putri Dibon munggah ing tengger-tengger pangurbanan prelu muwun;
Moab, ngadhuh-adhuh marga saka Nebo lan marga saka Medeba.
Kabeh wong padha nggundhuli sirahe ana ing kono
lan nyukur jenggote minangka tandhaning kasusahan.
3Wong padha manganggo bagor ana ing dedalan,
ana ing payon lan ana ing ara-ara
wong kabeh padha ngadhuh-adhuh, eluhe dleweran.
4Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero,
swarane nganti keprungu tekan ing Yahas.
Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh,
nyawane gumeter.
5Aku mbengok marga saka Moab;
wong kang ngungsi wus padha tekan ing Zoar, ing Eglat-Selisia.
Lah wong padha ngunggahi
unggah-unggahan Luhit kalawan nangis;
lan ana ing dalan kang menyang Horonaim
wong padha njerit marga tinempuh ing sangsara.
6Lah kali ing Nimrim dadi sat, dadi pasamunan
sukete wus aking, suket enom wus entek,
thethukulan wus ora ana kang ijo.
7Marga saka iku sakehing bandha kang ditumpuk
lan samubarang kabeh kang disimpen
padha digawani menyang ing sabrange kali Haarabim.
8Lah panjerite mau bakal keprubu ing sawewengkone Moab kabeh,
pangadhuhe keprungu nganti tekan ing Eglaim,
malah nganti tekan ing Beer-Elim.
9Lah banyu ing Dibon wus kebak getih,
nanging kang tumempuh marang Dibon
iku bakal Sunwuwuhi maneh,
yaiku singa bakal ndekep para wong kang bisa oncat saka ing Moab
lan kang isih ana ing tanah kono.
Currently Selected:
YESAYA 15: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.