HOSEA 6
6
1“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah,
awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal,
lan kang bakal marasake kita;
Panjenengane kang nggebagi kita,
lan iya kang bakal mblebed kita uga.
2Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh,
ing dina katelune ditangekake,
dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.
3Mulane payo padha tetepungan
lan mbudidaya kanthi temen-temen
supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah,
Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan;
kita bakal dirawuhi patrape kaya udan,
kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”
4He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira?
He Yehuda, sira bakal Sunkapakake?
Sih-susetyanira kaya pedhu esuk,
kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang.
5Mulane wus padha Sunremuk lumantar para nabi
lan Sunpateni srana pangandikane lesaningSun
lan angger-anggeringSun sumunar kaya pepadhang.
6 #
Mt 9:13, 12:7 Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnan
dudu kurban sembelehan,
lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allah
tinimbang karo kurban obaran.
Efraim ora gelem mratobat
6:7–7:2
7Nanging wong-wong iku wus nerak prajanjian kaya Adam,
ana ing kono anggone cidra marang Ingsun.
8Gilead iku nagarane para durjana,
kebak tabet-tabeting getih.
9Pakumpulane para imam iku
kaya grombolan begal kang ngadhang memangsan,
padha memateni ana ing dalan kang anjog ing Sikhem,
sanyatane, tindak kang nistha kang dilakoni.
10Ana ing antrane turune Israel Ingsun mirsa pokal-gawe kang nggegirisi;
ana ing kono Efraim padha laku jina
lan Israel wus najisake awake dhewe.
11He Yehuda, uga sira wus kacadhangan mangsa panen:
Samangsa kaanane umatingSun wus Sunpulihake,
Currently Selected:
HOSEA 6: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.