YouVersion Logo
Search Icon

HOSEA 2

2
Israel ditampik sarta kabangun maneh
2:1-22
1“Biyungira lapurna, iya lapurna,
awitdene iku dudu garwaningSun,
lan Ingsun iki dudu kakunge;
konen mbuwang panyundele saka ing raine,
lan anggone laku jina saka ing selaning susune,
2supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda,
Sundadekake padha kaya ing nalika laire,
Sundamel kaya pasamunan,
Sundadekake kaya tanah mati,
banjur Suntegakake nganti mati kasatan.
3Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi,
awitdene iku padha anak sundel.
4Marga biyunge dadi sundel;
kang ngetengake wus nindakake kanisthan,
awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku,
kang aweh roti lan banyu pangombenku
kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.
5Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri,
sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng,
satemah ora bisa nemu dalan-dalane.
6Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane,
nanging ora bakal kecandhak,
sarta arep nggoleki para bedhangane iku,
nanging ora ketemu.
Temah banjur bakal ngucap: Dakbali
ngulihi bojoku jaka-lara,
marga kaananku nalika samana luwih kapenak
tinimbang karo saiki.
7Nanging dheweke iku ora ngrumangsani
yen Ingsun kang maringi
gandum, anggur lan lenga,
sarta kang ngakehake salakane
lan mase kang dianggo gawe reca Baal.
8Mulane Ingsun bakal mundhut baline
gandumingSun ing kala mangsane,
lan angguringSun ing saben wektune,
apadene ngrampas wol lan lenaningSun
kang kanggo nutupi kawirangane.
9Sarta saiki bakal Suneler kawirangane,
ana ing ngarepe para bedhangane,
lan ora ana wong kang bakal ngluwari dheweke
saka ing astaningSun.
10Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi
riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate
lan sakehe dinane gedhe.
11Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir,
kang wus padha diucapake:
Iki kabeh paweweh marang aku,
kang diwenehake marang aku dening kekasihku.
Iku bakal Sundadekake alas,
lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek.
12Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina
nalika nyaosake kurban marang para Baal,
sarta nganggo anting-antinge lan kalunge,
tuwin banjur ngetutake para bedhangane
nanging lali marang Ingsun,”
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
13“Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih,
sarta Sunajak menyang ing pasamunan,
lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.
14 # Ys 7:24-26 Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana,
apadene Sunparingi lebak Akhor
minangka gapuraning pangarep-arep.
Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom,
kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.
15Ing dina iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah –,
Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula,
lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!
16Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira,
banjur ora disebut-sebut maneh.
17Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian
karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang,
apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi.
Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi,
tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.
18Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase,
lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran,
sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.
19Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu,
satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.
20Ing nalika iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah –
Ingsun bakal midhangetake marang langit,
lan langit bakal ngrungokake marang bumi.
21Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga,
sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel.
22 # Rm 9:25; 1Pt 2:10 Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun,
lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama,
tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku:
Sira iku umatingSun!
Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”

Currently Selected:

HOSEA 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy