YouVersion Logo
Search Icon

YEHESKIEL 19

19
Kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel
19:1-14
1Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel, 2lan pratelakna mangkene:
“Wah, ibunira iku pancen singa wadon
ana ing antarane singa-singa!
Nglemprak ana ing satengahe singa-singa enom
lan nusoni anak-anake.
3Anake ana siji kang diopeni
nganti dadi singa enom,
kang sinau ndedekep
malah banjur mangsa manungsa.
4Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk!
Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane,
nuli dikeluhi
tuwin digiring menyang Mesir.
5Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal
lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan
banjur njupuk anake liyane
sarta digulawenthah dadi singa enom.
6Anake iki srawungan karo singa akeh
nuli wus dadi singa enom
lan sinau ndedekep
malah banjur mangsa manungsa.
7Betenge padha karusak,
kuthane padha kaobrak-abrik;
bumi dalah saisine kabeh padha kaget
krungu swarane panggerone.
8Para bangsa nuli padha gumregah nglawan
saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge,
padha masang jaring kanggo nyekel
lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.
9Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan,
wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran,
supaya swarane aja kaprungu maneh
ana ing gunung-gununge Israel.
10Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur
kang katandur ing sacedhaking banyu,
banjur awoh lan ngepang
amarga saka akehe banyune.
11Apa pange kang thukul kang kuwat
kang dadi tekening karajan;
thukule dhuwur
ngungkuli pang-pang liyane kang rapet,
lan katon ngegla marga saka dhuwure
sarta marga ana pange cilik akeh.
12Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu,
lan kaebrukake ing bumi;
angin saka ing wetan gawe alum lan garinge
wohe padha gogrog.
Pange kang kuwat dadi garing
lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.
13Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun,
ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.
14Banjur ana geni kang metu saka ing pange
kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek,
satemah wus ora ana pange kang kuwat,
ora ana pange kang kanggo teken karajan.”
Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.

Currently Selected:

YEHESKIEL 19: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in