YouVersion Logo
Search Icon

PANGENTASAN 2

2
Miyose Nabi Musa lan anggone kagulawenthah nganti diwasa
2:1-10
1Ana wong lanang turune Lewi omah-omah karo wong wadon iya turune Lewi; 2#PR 7:20; Ib 11:23wong wadon iku tumuli ngandhut sarta nglairake anak lanang. Bareng weruh yen bayine iku bagus, nuli didhelikake nganti telung sasi lawase. 3Nanging sarehne sabanjure wus ora bisa didhelikake maneh, mulane dijupukake pethi pandhan, dipopok nganggo aspal lan tir, bayine banjur diselehake ing jerone, sarta pethi iku mau nuli didokok ing satengahe wlingen ing pinggir bengawan Nil. 4Bakyune ngadeg kepara adoh karo ngawat-awati lan arep weruh kapriye bakal kadadeane. 5Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk. 6Bareng dibukak, mirsa bayine lagi nangis, temah runtuh welase sarta ngandika: “Bayi iki genah anake wong Ibrani!”
7Bakyune banjur matur marang putrine Sang Prabu Pringon: “Punapa kawula kepareng madosaken panjenengan dalem inya tiyang Ibrani ingkang nesepi bayi punika?” 8Paring wangsulane putrine Sang Prabu Pringon: “Iya becik!” Prawan mau tumuli lunga ngundang ibune bayi iku. 9Sang Putri banjur ngandika marang wong wadon iku: “Bayi iki gawanen, susonana; kowe bakal dakwenehi pituwas.” Wong wadon mau banjur nggawa bayine disusoni. 10#PR 7:21Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”
Sang Musa mbelani bangsane lan ngungsi menyang ing tanah Midian
2:11-22
11 # PR 7:23-28 # Ib 11:24-25 Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange. 12Sawuse ngawasake ngiwa-nengen lan uninga yen ora ana wong, wong Mesir mau banjur dipateni, jisime dipendhem ana ing pawedhen.
13Bareng esuke tindak maneh, sarta mirsa ana wong Ibrani loro kang lagi padha kerengan, kang salah banjur didangu: “Yagene kowe kok nggitiki kancamu?” 14Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!” 15#PR 7:29; Ib 11:27Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa.
Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik. 16Anadene imam ing Midian iku kagungan putra estri pitu, iku mbeneri teka ngangsu ngiseni wadhah-wadhah kanggo ngombeni wedhus-wedhuse ramane. 17Nuli ana pangon-pangon lanang teka, bocah-bocah wadon mau padha diundurake saka ing kono, nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungi sarta ngombeni wedhus-wedhuse. 18Satekane bocah-bocah wadon mau ana ing ngarsane Imam Rehuel, ramane, banjur padha didangu: “Sabab apa dene ing dina iki ulihmu kok enggal temen?” 19Atur wangsulane: “Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangen, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombeni menda-mendanipun.” 20Panjenengane nuli ngandika marang para putrane: “Wonge saiki ana ngendi? Yagene kok koktinggal? Undangen mangan ta!” 21Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane. 22Kacarita Ibu Ziporo mau mbabar putra kakung, Sang Musa maringi jeneng: Gersom, marga pangunandikane: “Aku dadi wong neneka ana ing tanah ngamanca.”
Nabi Musa kautus dening Pangeran Yehuwah
2:23–4:17
23Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah. 24#Pd 15:13-14Gusti Allah miyarsakake pasambate, sarta banjur ngengeti prasetyane karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub. 25Gusti Allah mirsani lan nggatosake marang wong Israel.

Currently Selected:

PANGENTASAN 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy