YouVersion Logo
Search Icon

I TIMOTEUS 2

2
Bab pandonganing pasamuwan
2:1-7
1Kang dhisik dhewe dakpituturake: Padha ngaturna panyuwun, pandonga, lan pamuji sokur tumrap ing wong kabeh, 2tumrap para ratu#2:2 Angka satunggal ingkang kakarsakaken dening Rasul Paulus Sang Nata ing nagari Rum. sarta tumrap sakehing panggedhe, supaya urip kita bisaa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakehing kamursidan lan kaurmatan. 3Yaiku kang becik lan kang gawe renaning panggalihe Gusti Allah, Pamarta kita, 4kang ngarsakake, supaya wong kabeh padha kapitulungan rahayu lan padha oleh pangawruhing kayekten. 5Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kita ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus, 6kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi. 7#2Tm 1:11Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.
Tatanan tumrap wong lanang lan wadon ing sajroning pakumpulan pangibadah
2:8-15
8Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon. 9#1Pt 3:3Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang, 10nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah. 11Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut. 12Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika. 13#Pd 2:7, 21-22Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa. 14#Pd 3:1-6Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa. 15Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

Currently Selected:

I TIMOTEUS 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy