YouVersion Logo
Search Icon

I SAMUEL 16

16
Dawud kajebadan dadi ratu
16:1-13
1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.” 2Nanging Nabi Samuel munjuk: “Kados pundi anggen kawula badhe mangkat? Manawi Sang Prabu Saul mireng bab punika, temtu kawula dipun pejahi.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Nggawaa sapi nom lan tutura: Tekaku iki arep nyaosake kurban marang Sang Yehuwah. 3Tumuli Isai undangen supaya nekani upacara pangurbanan iku lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang wajib sira lakoni. Banjur wong kang Suntuding iku jebadana kagem Ingsun.” 4Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?” 5Wangsulane Nabi Samuel: “Iya mangkono! Tekaku iki arep saos kurban marang Sang Yehuwah. Padha sesucia lan nekanana upacara saos kurban iki karo aku.” Nabi Samuel banjur nucekake Isai dalah anak-anake lanang sarta ngulemi wong-wong iku marang ing upacara saos kurban mau.
6Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.” 7Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”
8Isai nuli ngundang Abinadab lan dikon lumaku liwat ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki iya ora dipilih dening Sang Yehuwah.” 9Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.” 10Mangkono anggone Isai akon anake pitu lumaku liwat ana ing ngarsane Nabi Samuel, nanging Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Iku kabeh ora ana kang dipilih dening Sang Yehuwah.”
11Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.” 12Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!” 13Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.
Dawud ana ing kratone Sang Prabu Saul
16:14-23
14Nanging Rohe Sang Yehuwah wis nilar Sang Prabu Saul lan saiki panjenengane dibidhung dening roh ala utusane Sang Yehuwah. 15Para abdine tumuli padha munjuk: “Kauningana, roh awon utusanipun Gusti Allah mbidhung panjenengan dalem. 16Prayoginipun Gusti kawula ndhawuhana para abdi dalem ingkang sowan wonten ing ngarsa dalem, ngupados tiyang ingkang baud nylempung. Samangsa roh awon utusanipun Gusti Allah ndhatengi panjenengan dalem, tiyang wau kadhawuhana nylempung, supados panggalih dalem kraos tentrem.” 17Sang Prabu Saul banjur dhawuh marang para abdi: “Ingsun golekna wong kang baud nylempung, timbalana sowan ana ing ngarsaningsun.” 18Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”
19Sang Prabu Saul banjur utusan wong menyang ing omahe Isai kanthi piweling: “Anakira Dawud, pangoning wedhus-wedhusira, konen seba marang ing ngarsaningsun.” 20Isai banjur njupuk kuldi dimomoti roti, anggur saimpes, lan cempe siji, iku nuli diaturake marang Sang Prabu Saul lumantar Dawud, anake. 21Kaya mangkono dadine Dawud banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Saul lan didadekake abdine. Sang Prabu tresna banget marang Dawud lan didadekake juru ngampil gegamane. 22Mulane Sang Prabu Saul nuli utusan wong marang ing omahe Isai kanthi piweling: “Cikben Dawud dadi abdiningsun, amarga ingsun seneng marang dheweke.” 23Lan samangsa roh ala utusane Gusti Allah nyurupi Sang Prabu Saul, Dawud banjur njupuk clempunge dionekake; Sang Prabu Saul temah rumaos lega lan ngraosake kepenak, dene rohe kang ala ngunduri panjenengane.

Currently Selected:

I SAMUEL 16: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy