Awit ing mbengi kuwi Aku bakal lunga ndlajahi sak negara Egipte, lan sakkèhé anak mbarep, ya anaké manungsa kabèh anaké kéwan-kéwan, bakal Tak patèni, mengkono uga sakkèhé allahé wong Egipte bakal Tak tibani paukuman, Aku iki GUSTI. Lah getih kuwi dadia tanda ing omah sing kok enggoni. Yèn Aku weruh getih mau, bakal Tak liwati, nganti ing tengah-tengahmu bakal ora ana bebendu sing medèni, yèn Aku ngukum negara Egipte.