Terus sakkèhé, anak mbarep ing negara Egipte bakal pada mati, wiwit mbarepé Parao sing bakal lungguh ing damparé nganti tekan mbarepé batur wadon sing ngadep watu gilingan, uga sakkèhé mbarepé kéwan-kéwan ingon. Lan ing sak negara Egipte bakal ana udan tangis sing luwih ngereské ati, sing durung tau kelakon lan sing bakal ora kelakon menèh.