1
Juru Kotbah 3:1
Kitab Jawa Suriname
KJS17
Samubarang kabèh kuwi ana waktuné, apa waé ing sak ngisoré langit ana waktuné.
Compare
Explore Juru Kotbah 3:1
2
Juru Kotbah 3:2-3
Ana waktuné nglairké, ana waktuné mati, ana waktuné nandur, ana waktuné mbedoli sing ditandur. Ana waktuné matèni, ana waktuné maraské; ana waktuné mbubrah, ana waktuné mbangun.
Explore Juru Kotbah 3:2-3
3
Juru Kotbah 3:4-5
Ana waktuné nangis, ana waktuné ngguyu; ana waktuné sambat, ana waktuné jejogètan. Ana waktuné mbuwang watu, ana waktuné nglumpukké watu; ana waktuné ngrangkul, ana waktuné menggak ngrangkul.
Explore Juru Kotbah 3:4-5
4
Juru Kotbah 3:7-8
Ana waktuné nyuwèk, ana waktuné ndondomi; ana waktuné meneng, ana waktuné ngomong. Ana waktuné nrésnani, ana waktuné nyengiti; ana waktuné perang, ana waktuné rukun.
Explore Juru Kotbah 3:7-8
5
Juru Kotbah 3:6
Ana waktuné nggolèki, ana waktuné kélangan; ana waktuné nyimpen, ana waktuné mbuwang.
Explore Juru Kotbah 3:6
6
Juru Kotbah 3:14
Aku weruh yèn samubarang kabèh sing ditindakké karo Gusti Allah kuwi bakal tetep ing selawasé; kuwi ora bisa ditambahi utawa dilongi; Gusti Allah nandangi mengkono, supaya manungsa ngajèni marang Gusti.
Explore Juru Kotbah 3:14
7
Juru Kotbah 3:17
Aku ngomong ing sak njeruhné atiku: “Gusti Allah bakal ngadili wong sing bener lan sing ora adil, awit kanggo kabèh penggawéan, kuwi ana waktuné déwé-déwé.”
Explore Juru Kotbah 3:17