1
JABUR 91:2
Kitab Sutji
JAV
iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”
Compare
Explore JABUR 91:2
2
JABUR 91:1
Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa
Explore JABUR 91:1
3
JABUR 91:15
Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake
Explore JABUR 91:15
4
JABUR 91:11
awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.
Explore JABUR 91:11
5
JABUR 91:4
kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring swiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.
Explore JABUR 91:4
6
JABUR 91:9-10
Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu, Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu
Explore JABUR 91:9-10
7
JABUR 91:3
Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni.
Explore JABUR 91:3
8
JABUR 91:7
Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman
Explore JABUR 91:7
9
JABUR 91:5-6
Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan, marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.
Explore JABUR 91:5-6