1
JABUR 90:12
Kitab Sutji
JAV
Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.
Compare
Explore JABUR 90:12
2
JABUR 90:17
Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.
Explore JABUR 90:17
3
JABUR 90:14
Mugi ing wanci enjing kawula sami Paduka tuwuki ing sih-susetya Paduka temah kawula lajeng sami surak-surak lan bingah-bingah salami kawula gesang.
Explore JABUR 90:14
4
JABUR 90:2
Saderengipun redi-redi kalairaken, sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad, wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.
Explore JABUR 90:2
5
JABUR 90:1
Pandongane Nabi Musa, abdine Allah. Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.
Explore JABUR 90:1
6
JABUR 90:4
Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka, sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker, inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.
Explore JABUR 90:4