1
WULANG BEBASAN 26:4-5
Kitab Sutji
JAV
Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane, supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku. Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane, supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.
Compare
Explore WULANG BEBASAN 26:4-5
2
WULANG BEBASAN 26:11
Kaya asu kang mbaleni utah-utahane, kaya mangkono wong gemblung anggone mbolan-mbaleni kabodhoane.
Explore WULANG BEBASAN 26:11
3
WULANG BEBASAN 26:20
Manawa kayune entek, genine mati, manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.
Explore WULANG BEBASAN 26:20
4
WULANG BEBASAN 26:27
Sing sapa ndhudhuk jugangan bakal kacemplung dhewe, lan kang ngglundhungake watu, watune bakal bali mlindhes awake dhewe.
Explore WULANG BEBASAN 26:27
5
WULANG BEBASAN 26:12
Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter, pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau.
Explore WULANG BEBASAN 26:12
6
WULANG BEBASAN 26:17
Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya, iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat.
Explore WULANG BEBASAN 26:17