Dhuh Sang Yehuwah, kawula sami ngrumaosi kadursilan kawula
lan durakanipun leluhur kawula;
sayektos, kawula damel dosa dhumateng Paduka.
Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka,
sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka.
Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka
kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!