1
YESAYA 30:21
Kitab Sutji
JAV
sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.
Compare
Explore YESAYA 30:21
2
YESAYA 30:18
Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!
Explore YESAYA 30:18
3
YESAYA 30:15
Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarana mratobat lan sumarah sira bakal padha kaparingan slamet; kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.” Nanging sira padha ora gelem
Explore YESAYA 30:15
4
YESAYA 30:20
Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane
Explore YESAYA 30:20
5
YESAYA 30:19
He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.
Explore YESAYA 30:19
6
YESAYA 30:1
Bilai anak-anak kang mbalela, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun, kang lumebu ing pasarujukan, kang ora marga saka karsaning RohingSun, satemah dosane saya wuwuh-wuwuh
Explore YESAYA 30:1
Home
Bible
Plans
Videos