Kapriye ta dene kowe kok padha mbolak-mbalikake samubarang kabeh?
Apa lempung iki kena dianggep padha karo kundhi,
satemah kang digawe bisa pratela bab kang gawe:
“Dudu wong iku kang gawe aku,”
lan apa kang diwangun bisa ngandhakake bab kang mangun:
“Wong iku ora ngreti apa-apa?”