1
KOHELET 3:1
Kitab Sutji
JAV
Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.
Compare
Explore KOHELET 3:1
2
KOHELET 3:2-3
Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur. Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.
Explore KOHELET 3:2-3
3
KOHELET 3:4-5
Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan. Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.
Explore KOHELET 3:4-5
4
KOHELET 3:7-8
Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan. Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.
Explore KOHELET 3:7-8
5
KOHELET 3:6
Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.
Explore KOHELET 3:6
6
KOHELET 3:14
Aku sumurup manawa samubarang kabeh kang katindakake dening Gusti Allah iku bakal tetep anane ing salawas-lawase; iku ora bisa diwuwuhi utawa dikurangi; Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane.
Explore KOHELET 3:14
7
KOHELET 3:17
Aku mosik ing sajroning ati: “Gusti Allah bakal ngadili wong kang bener lan kang ora adil, awit tumrap sakehing pagawean, iku ana wayahe dhewe-dhewe.”
Explore KOHELET 3:17