1
II TIMOTEUS 2:15
Kitab Sutji
JAV
Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa tedheng aling-aling.
Compare
Explore II TIMOTEUS 2:15
2
II TIMOTEUS 2:22
Mulane ngedohana pepenginaning wong anom, ngudia marang kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut marang Pangeran kalawan ati kang resik.
Explore II TIMOTEUS 2:22
3
II TIMOTEUS 2:24
mangka abdine Gusti iku ora kena padu, nanging kudu sumanak marang wong kabeh. Kudu bisa mulang, sabar
Explore II TIMOTEUS 2:24
4
II TIMOTEUS 2:13
manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya, awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”
Explore II TIMOTEUS 2:13
5
II TIMOTEUS 2:25
lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon
Explore II TIMOTEUS 2:25
6
II TIMOTEUS 2:16
Nanging omong-omong kang tanpa isi kang ora suci kang mung nambahi kalamisan iku singkirana.
Explore II TIMOTEUS 2:16