Pangandikane Nabi Samuel marang Sang Prabu Saul: “Tindak dalem punika boten wicaksana. Panjenengan dalem boten nuhoni dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang dipun dhawuhaken dhateng panjenengan dalem; amargi pancenipun Sang Yehuwah badhe nyantosakaken karajan dalem tumrap tiyang Israel ing salami-laminipun. Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”