1
I SAMUEL 12:24
Kitab Sutji
JAV
Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.
Compare
Explore I SAMUEL 12:24
2
I SAMUEL 12:22
Ujer Sang Yehuwah ora bakal mbucal umate, amarga saka asmane kang agung. Sang Yehuwah rak wis marengake kowe dadi kagungane?
Explore I SAMUEL 12:22
3
I SAMUEL 12:20
Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.
Explore I SAMUEL 12:20
4
I SAMUEL 12:21
Aja nyleweng ngetutake dewa kang tanpa guna, lan ora ana paedahe, sarta kang ora bisa mitulungi kowe, amarga kabeh iku ora ana nyatane.
Explore I SAMUEL 12:21