YouVersion Logo
Search Icon

LUKAS 3

3
Nabi Yokanan Pambaptis
3:1-20
Mt 3:1-12; Mk 1:1-8; Yo 1:19-28
1Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene, 2ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan, putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun. 3Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.” 4#Ye 40:3-5Iki cocok karo kang tinulis ing kitab pamedharwangsite Nabi Yesaya:
“Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara-samun.
Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge!
5Saben jurang bakal kaurugan, lan saben gunung lan punthuk bakal karata; kang menggak-menggok bakal kalencengake,
kang mendhak-mandhukul bakal karata,
6apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”
7 # Mt 12:34, 23:33 Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh? 8#Yo 8:33Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki! 9#Mt 7:19Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”
10Wong akeh mau banjur padha matur pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?” 11Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenehana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.” 12#Lk 7:29Ana juru-mupu-beya kang uga padha teka arep nyuwun baptis, iku padha matur pitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?” 13Paring wangsulane: “Aja padha mupu ngluwihi kang wis katamtokake tumrap kowe!” 14Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”
15Nanging sarehne wong akeh padha nganti-anti lan padha nggagas, apa baya iki Sang Kristus, 16Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni. 17Panjenengane wis ngasta tampah kaagem ngresiki panutone nganti resik babar pisan sarta kaagem nglumpukake gandume ing lumbunge, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”
18Aliya saka iku isih akeh piwulange kang diparingake sajrone nggelarake Injil marang wong akeh. 19#Mt 14:3-4; Mk 6:17-18Ananging bareng panjenengane melehake Sang Nata-wilayah Herodhes, bab lelakone karo Sang Putri Herodhias, garwane sadhereke, tuwin bab anggone nindakake sakabehing piala liya-liyane, 20Sang Prabu saya wewah durakane, yaiku anggone banjur ngunjara Nabi Yokanan.
Gusti Yesus kabaptis
3:21-22
Mt 3:13-17; Mk 1:9-11; Yo 1:32-34
21Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak, 22#Pd 22:2; Ms 2:7; Ye 42:1; Mt 3:17; Mk 1:11; Lk 9:35banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”
Sarasilahe Gusti Yesus
3:23-38
Mt 1:1-17
23Nalika Gusti Yesus wiwit makarya iku kurang luwih yuswa telung puluh taun lan manut pangirane wong-wong, Panjenengane iku putrane Rama Yusuf, tedhake Eli, 24tedhake Matat, tedhake Lewi, tedhake Malkhi, tedhake Yanai, tedhake Yusuf, 25tedhake Matica, tedhake Amos, tedhake Nahum, tedhake Hesli, tedhake Nagai, 26tedhake Maat, tedhake Matica, tedhake Simei, tedhake Yosekh, tedhake Simei, tedhake Yoda, 27tedhake Yohanan, tedhake Resa, tedhake Zerubabel, tedhake Sealtiel, tedhake Neri, 28tedhake Malkhi, tedhake Adi, tedhake Kosam, tedhake Elmadam, tedhake Er, 29tedhake Yesua, tedhake Eliezer, tedhake Yorim, tedhake Matat, tedhake Lewi, 30tedhake Simeon, tedhake Yehuda, tedhake Yusuf, tedhake Yonam, tedhake Elyakim, 31tedhake Melea, tedhake Mina, tedhake Matata, tedhake Natan, tedhake Sang Prabu Dawud, 32tedhake Isai, tedhake Obed, tedhake Boas, tedhake Salmon, tedhake Nahason, 33tedhake Aminadab, tedhake Admin, tedhake Arni, tedhake Hezron, tedhake Peres, tedhake Yehuda, 34tedhake Yakub, tedhake Iskak, tedhake Rama Abraham, tedhake Terah, tedhake Nahor, 35tedhake Serug, tedhake Rehu, tedhake Peleg, tedhake Eber, tedhake Salmon, 36tedhake Kenan, tedhake Arpakhsad, tedhake Sem, tedhake Nuh, tedhake Lamekh, 37tedhake Metusalah, tedhake Henokh, tedhake Yared, tedhake Mahaleel, tedhake Kenan, 38tedhake Enos, tedhake Set, tedhake Rama Adam, Putraning Allah.

Currently Selected:

LUKAS 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy