ZAKHARIA 4
4
Wahyu kang kaping lima: Padamaran mas rinengga ing wit jaitun loro
4:1-14
1Kacarita malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, banjur nggigah aku patrape kaya nggigah wong lagi turu. 2Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu; 3#Wy 11:4punapa malih padamaran punika kaukiran wit jaitun kalih, satunggal wonten ing tengenipun wadhah lisah, satunggalipun wonten ing kiwanipun.” 4Aku tumuli matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku mangkene: “Dhuh bendara, punika tegesipun kadospundi?” 5Malaekat kang ngandikan karo aku iku nuli ndangu: “Kowe apa ora ngreti tegese kabeh iku?” Aturku: “Boten mangretos, bendara!” 6#Ez 5:2Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. – 7He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik! Apik banget watu iku!” 8Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: 9“Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe. 10#Wy 5:6Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel.
Dene kang pitu iki tingale Sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.” 11#Wy 11:4Aku banjur matur pitakon mangkene: “Menggah wit jaitun kalih ingkang wonten ing tengen sarta ing kiwanipun padamaran punika, punapa tegesipun?” 12Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?” 13Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!” 14Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”
Currently Selected:
ZAKHARIA 4: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: