RUM 11:17-18
RUM 11:17-18 JAV
Mulane, manawa pang-pange wus ana sawatara kang dikethoki, lan kowe kang dadi thukulan alas sing ditancebake ana ing antarane, temahan melu oleh panduman saka oyode wit jaitun kang kebak tlutuh iku, kowe aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Manawa gumunggung dieling, yen dudu kowe kang nyangga oyod iku, nanging oyod iku kang nyangga kowe.