YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 70

70
MASMUR 70
Pandonga nyuwun pitulungan
70:1-6
1Kanggo lurah pasindhen.
Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan.
2 # Ms 40:14-18 Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula,
dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!
3Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula,
mugi sami kawirangna saha klicutan;
ingkang ngangkah damel bilai kawula,
mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;
4kajengipun mundur margi isin,
ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”
5Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka,
sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya;
ingkang nresnani karahayon peparing Paduka,
tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”
6Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah,
mugi karsaa enggal rawuh!
Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula;
dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka!

Currently Selected:

JABUR 70: JAV

Highlight

Copy

Compare

Share

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in