WILANGAN 16:30-32
WILANGAN 16:30-32 JAV
Balik manawa Pangeran Yehuwah nganakake lelakon kang durung tau kelakon, yaiku manawa bumi ngengakake cangkeme nguntal wong-wong iku dalah apa bae kang kadarbe, temah urip-uripan anggone kacemplung ing jagade wong mati, dadi kowe bakal ngreti, yen wong-wong iku wus padha nyampahi marang Pangeran Yehuwah.” Lagi bae Nabi Musa kendel anggone ngandika mangkono, bumi kang dienciki wong-wong mau bengkah, sarta ngangapake cangkeme lan nguntal wong-wong mau dalah brayate, apadene sagrombolane Korakh kabeh lan sabarang darbeke.

![[Songs of Praise] Who’s in Charge? WILANGAN 16:30-32 Kitab Sutji](/_next/image?url=https%3A%2F%2Fimageproxy.youversionapi.com%2Fhttps%3A%2F%2Fs3.amazonaws.com%2Fyvplans%2F48549%2F1440x810.jpg&w=3840&q=75)



