MIKHA 7
7
Mrosoting wewatekane Israel
7:1-6
1Adhuh cilaka aku iki!
Awit kaananku kaya samangsa ngundhuh woh-wohan ing mangsa ketiga,
utawa kaya samangsa ngasag woh anggur,
ora oleh woh anggur kang kena dipangan,
utawa woh anjir kang daksenengi.
2Wong mursid wus sirna saka ing nagara,
lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur,
kabeh padha ngincer getih,
siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.
3Tangane padha agahan nindakake piala,
panggedhe memundhut
lan hakim ngarah besel;
para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane,
lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
4Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri,
kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri,
dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak,
saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku.
5Aja ngandel marang mitra,
aja pasrah marang kanca,
jaganen lawanging cangkemmu
tumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.
6 #
Mt 10:35-36; Lk 12:53 Dene anak lanang ngremehake bapakne,
anak wadon nglawan biyunge,
mantu wadon nglawan maratuwane wadon,
kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.
Pangarep-arep tumrap Sion
7:7-13
7Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah,
nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku,
Allahku mesthi bakal nyembadani aku!
8He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku!
Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh,
dadia linggih ana ing pepeteng pisan,
Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.
9Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah,
awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane,
nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku,
sarta paring adil marang aku,
aku bakal katuntun menyang pepadhang,
satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.
10Mungsuhku bakal nyipati iku,
satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang,
kang duwe ujar marang aku:
“Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?”
Mripatku bakal nyawang
anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.
11Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh,
ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake.
12Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe,
wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir,
lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat,
saka sagara kang siji tekan sagara sijine,
sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine.
13Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni,
iku wohe panggawene.
Pandonga nyuwun supaya tumindak lan paring kawelasan
7:14-20
14Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka,
inggih menda kagungan Paduka piyambak,
ingkang sami kepencil manggen ing wana,
ing satengahing kebon wowohan,
mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead,
kados nalika ing jaman rumiyin.
15Kados nalika Paduka miyos saking Mesir,
kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!
16Para bangsa bakal padha nyawang,
lan banjur rumangsa isin,
marga saka sakehe kakuwatane,
cangkeme cikben ditutupi tangan
lan kupinge cikben dadi budheg.
17Kareben padha ndilat lebu kaya ula,
kaya kewan kang gumremet ing bumi;
kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris,
sarta padha sowan marang ing ngarsane Pangeran
Yehuwah Allah kita, kalawan gumeter,
kalayan ajrih dhateng Paduka.
18Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka,
ingkang ngapunten dosa,
saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak:
ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun,
nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?
19Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita,
lan nglebur kaluputan-kaluputan kita,
sarta mbucal sakehing dosa kita,
menyang ing telenging sagara.
20Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub,
saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham
kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken
klayan supaos dhateng para leluhur kawula
wiwit ing jaman kina!
Currently Selected:
MIKHA 7: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: